Saturday, March 2, 2013

KEBLINGER

Kabeh rumongso bener
Dedek sak ngadek jejek
Ora peduli kui lemahe teles
Ngomonge culas rumongso bener
Jarene
"E... La kae lo si Surti
Muleh tekan Hongkong
Klambine cekak telung senti
Nggendong anak rupane koyo tas manak
Padahal Surti kui durung rabi
E... Ladalah Surti kedanan lanangan
Di takoni bocah kui bapake sopo?
Surti gedek ora weruh"
La nyatane...
Sing ngomong kui penggaweane adol manungso
Nggondol duit potongan ra jelas
Sek ngadek nang nggalengan
Bengok-bengok ra karuan
Jarene
"E... La kae lo si Darmi
Bojone lek Katirin
Muleh tekan Hongkong rupane maleh ngganteng
Ora gelem di celuk Darmi
Jarene ganti jeneng Jacky
Nggandeng perawan ayu kinyis-kinyis
Si Darmi di undang papi
E... Ladalah cekelane ekstasi
Dadine rojone Galaxy
Ora gelem aruh karo katirin
Malah njaluk pegat
Terus rabi karo perawan ayu kinyis-kinyis"
La ngertio kui mau
Eks narapidana sukun
Terbukti kenek kasus korupsi duite wong sak deso
Metu ko bui stress
Hobi ceramah nang tengah sawah
Jarene makku
"Wis nok ndang mulih, ojo dirungokne sing koyo ngono kui.
Sing penting kowe nyambut gawe lurus ae.
Openono awakmu dewe ra sah ngurusi tonggo"
Aku di tuntun mak mulih
Ceket ceket ndang tekan omah

Hongkong, 17 januari 2010

No comments:

Post a Comment